
Captain America : Civil War 2016
Neng XXI maneh. Kali ini, Captain America : Civil War. Arepo judule Captain America, nanging nyatane sing pentas ora mung Captain America nanging uga rombongan superhero liyane sing awake dhewe yo wis kenal : Iron Man, Falcon, Hawkeye, Black Widow, (sing iki aku ra ngerti kok julukane Randha Ireng. Menurut aku sih kategorine nyonyah Romanoff iki dudu Black nanging Red Head) lan isih ketambahan Spiderman, Ant-man lan embuh sapa maneh. Daftar superhero iki ketoke soyo suwe soyo tambah dawa wae. Marai aku bingung. Lho lha wong sing maen kono kok aku sing bingung? Mesti wae aku bingung. Soale saben nonton film superhero, aku mesti mbayangke dadi superherone. Kuwi mesti. Lan kudu. Nyaris keniscayaan. Lha piye, mosok wis berhasil tuku tiket sawise antri dawa banget—koyo dawane sing ngenteni randhane Natasha Romanoff–, wis iso ngomong popcorn lan hot chocolate kanthi bener, wis ngadhep layar 14 x 24 meter, aku isih mung kudu dadi penonton? Yo jelas ra ikhlas. Turpula, aku percoyo omongane Slavoj Zizek iki : cinema is the ultimate pervert’s art. It doesn’t give you what you desire. It tells you how to desire. Mulo, luwih tinimbang sedermo penonton, aku mesti mbayangke dadi superherone.
Lha tapi iki nonton film siji wae, superhero ana pirang-pirang. Tur kabeh apik. Mulane wiwit Scarlet Witch sing kinyis lan gothis kae mlintir bom bunuh dirine Brock Rumlow nganti Captain America resign saka Avenger (artinya : sepanjang film) aku terus menerus bingung arep mbayangke dadi superhero sing endi. Nganti tekan kost, aku isih gelisah. Aku iki asline Captain America utawa Ant-Man utawa Hawkeye utawa sapa?
Nglangut nganti jam 2 esuk, aku akhire nyerah. Wis ben lah yen akhire aku dudu sapa-sapa.
Sadurunge turu, mungkasi rasa penasaranku, aku mikir apa janjane sing gawe superhero kuwi istimewa? Dakpikir jawabane mung ana loro. Siji, Jago kerengan. Loro, kostum aneh. Lan aku banjur ngerti kenapa aku akhire dudu superhero.

nalika nyandhang lumrah, cah-cah iki yo ketok koyo wong lumrah. koyo rombongan Karang Taruna sing arep gawe kegiatan pitulasan

bareng nyambut gawe, nganggone kostum aneh. coba yen sampeyan duwe kostum ngene iki? gek kapan sing arep nganggo. nggo njagong yo ra patut. nggo dolan, ngantor, nongkrong yo ra pantes juga. paling pol mung pantes nggo karnaval pas pitulasan. kuwi dengan catetan : ora isin, tuwo-tuwo isih melu karnaval








