Absurdisme

Absurdisme minangka téyori filsafat ingkang mratélakaken bilih jagad raya punika irasional (boten saged dipunnalar) sarta tanpa teges. Téyori punika mastani bilih pambudidaya pados makna namung badhé njlomprongaken manungsa dhumateng pasulayan kalihan donya ingkang katingal tanpa teges punika. Pasulayan punika saged wujud dredah antawisipun kamanungsan ingkang rasional mengsah jagad raya ingkang irasional, antawisipun pikajeng kalihan asil, utawi antawisipun pambiji subyèktif kalihan aji obyèktif, nanging pategesan gumathok saking istilah kasebat taksih dados pirembagan. Absurdisme nggadhahi pamanggih bilih, amargi satunggal utawi langkung saking pasulayan kasebat, kawontenan gesang (èksistènsi) kanthi wetah punika absurd (balil utawi tanpa teges). Babagan punika béda kalihan tésis ingkang langkung cupet ingkang mastani bilih namung kahanan, tiyang, utawi lampah gesang tartamtu ingkang absurd.
Manéka warna unsur saking samubarang ingkang absurd dipunrembag ing kapustakan akadhemik, lan para nimpuna téyori asring munjeraken pategesan lan panalitènipun dhumateng unsur ingkang béda-béda. Ing tataran praktis, pasulayan ingkang ndhasari kaabsurdan dipuntandhani déning pambudidaya manungsa (individu) kanggé pados makna ing salebeting donya ingkang tanpa teges. Ing sisih sanès, unsur téoritis langkung nengenaken kasekengan nalar sacara epistémik kanggé nembus sarta mangertosi kanyatan. Kanthi tradhisional, pasulayan punika dipungambaraken minangka benturan antawisipun unsur batin saking kodrat kamanungsan kalihan unsur lair saking jagad raya. Nanging, sawetawis nimpuna téyori ing wekdal salajengipun paring pamanggih bilih kekalih unsur kasebat saged ugi mligi wonten ing batin: kasantosan kanggé ningali kasewenang-wenanganing sakathahing ancas pamungkas, ing satunggal sisih, sarta kasekengan kanggé marèni nggatosaken ancas-ancas kasebat, ing sisih sanèsipun. Sawetawis wedharan ugi nglebetaken unsur metakognitif kanthi matokan bilih kesadharan dhumateng pasulayan kasebat minangka sarat mutlak supados kaabsurdan saged tuwuh.
Sawetawis pamanggih ingkang nyengkuyung absurdisme mligèkaken dhumateng kasekengan tegesipun manungsa wonten ing jagad raya, dhumateng ginanipun pejah, utawi dhumateng mokal utawi irasionalipun mapanaken ancas pamungkas. Panyaruwé dhumateng absurdisme asring ngenyek bilih sajatosipun gesang punika nggadhahi makna utawi nedahaken akibat-akibat ingkang nuwuhaken prekawis utawi gèsèhipun absurdisme punika piyambak. Panyengkuyung absurdisme asring nggresula bilih pamanggih punika boten pikantuk panggatosan ingkang murwat saking para filsuf profèsional ngèngeti wigatosipun jejer punika saha pangaribawa psikologis ingkang saged tumanduk dhateng individu ingkang ketaman, awujud krisis èksistènsial. Manéka warna pananggapan ingkang pinanggih nalar kanggé ngadhepi absurdisme lan pangaribawanipun sampun dipunusulaken. Tiga pananggapan ingkang dipunrembag ing salebeting kapustakan absurdis tradhisional inggih punika lampus diri, kapercayan agami dhumateng ancas ingkang langkung luhur, lan pambalélan dhumateng kaabsurdan. Saking tigang bab punika, pambalélan limrahipun dipunajengaken minangka pananggapan ingkang dipunanjuraken awit, boten kados kalih pananggapan sanèsipun, pambalélan boten mlajar saking kaabsurdan nanging kepara ngakèni kahanan kasebat sakwontenipun. Nimpuna téyori salajengipun ngusulaken pananggapan tambahan, kados ta ngginakaken ironi kanggé nganggep gesang kanthi langkung prasaja utawi tetep boten perduli dhumateng pasulayan ingkang ndadosaken bab kasebat. Sawetawis penganut absurdisme nggadhahi pamanggih bilih wonten utawi botenipun pananggapan sarta kados pundi caranipun nangapi punika boten wigati. Bab punika adhedhasar pamanggih bilih manawi sajatosipun boten wonten ingkang wigati, lajeng pananggapan manungsa dhumateng kasunyatan punika ugi dados boten wigati.
Istilah "absurdisme" celak sanget gegayutanipun kalihan filsafatipun Albert Camus. Nanging, pangrintis lan pirembagan wigati ngéngingi kaabsurdan ugi saged dipunpanggihaken ing karya-karyaning Søren Kierkegaard. Absurdisme gadhah sesambetan ingkang raket kalihan manéka warna pamanggih lan téyori sanèsipun. Wawasan dhasaripun kainspirasi déning filsafat èksistènsialis. Nanging, èksistènsialisme ngemot kasetyan téoritis tambahan lan asring mendhet patrap ingkang langkung optimis dhumateng sagedipun madosi utawi nyiptakaken makna ing salebeting gesang manungsa. Absurdisme lan nihilisme sami-sami nggadhahi pamanggih bilih gesang punika tanpa teges, nanging para absurdis boten nganggep bab punika minangka kasunyatan ingkang kapencil nanging kepara kepéncut dhumateng pasulayan antawisipun kasmaran manungsa dhumateng makna kalihan donya ingkang boten nggadhahi makna. Ngadhepi pasulayan punika saged mungu krisis èksistènsial, ing pundi pangalaman ingkang boten ngremenaken kados ta kakuwatiran utawi dèprèsi saged ndedhes tiyang ingkang ketaman supados madosi pananggapan kanggé ngadhepi pasulayan kasebat. Nanging, ngakèni bilih boten wonten makna obyèktif boten ngalangi tiyang ingkang mikir kanthi sadhar kanggé madosi makna subyèktif.
Pategesan
[besut | besut sumber]Absurdisme minangka tésis filsafat bilih gesang, utawi donya ing lumrahipun, punika absurd. Wonten pasarujukan ingkang wiyar bilih istilah "absurd" mratélakaken kekiranganing makna utawi ancas, nanging ugi wonten dredah ageng ngéngingi pategesan gumathokipun saha manéka warna vèrsi sampun dipunusulaken.[1][2][3][4][5] Pamilihing pategesan gadhah akibat wigati tumrap leres utawi botenipun tésis absurdisme sarta tumrap pamanggih ingkang dipunkutip kanggé nyengkuyung utawi nulak tésis kasebat: tésis saged leres miturut satunggaling pategesan lan lepat miturut pategesan sanèsipun.[6]
Ing pangertèn umum, samubarang ingkang absurd punika ingkang boten nalar, asring amargi ngewrat sawetawis wangun panggèsèh (kontradhiksi). Samubarang ingkang absurd punika asipat paradhoks awit boten saged dipungayuh déning nalar.[7][8][9] Nanging ing wewengkon absurdisme, istilah punika limrahipun dipunginakaken kanthi makna ingkang langkung mligi. Miturut makathah-kathah pategesan, istilah punika ngewrat pasulayan, panggèsèh, utawi benturan antawisipun kalih prakawis. Manéka warna pamanggih gèsèh ngéngingi menapa kalih prakawis kasebat.[1][2][3][4] Minangka tuladha, sacara tradhisional istilah punika dipuntepangaken minangka pasulayan antawisipun manungsa ingkang rasional kalihan donya ingkang irasional utawi minangka pambudidaya kanggé nggayuh samubarang adhedhasar nalar sanadyan samubarang kasebat ngungkuli watesing rasionalitas.[10][11] Pategesan ingkang méh sami ningali panggèsèh antawisipun pikajeng kalihan asil, antawisipun panggayuh kalihan kanyatan, utawi antawisipun pambiji subyèktif kalihan aji obyèktif minangka sumber kaabsurdan.[1][3] Pategesan sanèsipun mapanaken kekalih pamanggih ingkang pasulayan ing salebeting manungsa piyambak: kasagedan kanggé mangertosi kasewenang-wenangan saking ancas pamungkas sarta kasekengan kanggé nguculaken kapracayan dhumateng ancas-ancas kasebat.[4] Gegayutan kalihan pasulayan punika, absurdisme béda kalihan nihilisme awit absurdisme boten namung saderma tésis ingkang mratélakaken bilih boten wonten ingkang wigati. Kepara, absurdisme nglebetaken unsur bilih samubarang taksih katingal wigati tumrap kita sarta bilih pamanggih punika boten saged dipunbucal. Bédanipun bab punika kawedharaken ing pangaribawa pasedhèrèkan saking kaabsurdan awujud pasulayan antawisipun kalih sisih.[4][1][2]
Manéka warna unsur kaabsurdan sampun dipunusulaken lan para panaliti asring munjeraken pategesan saha panalitènipun dhumateng salah satunggal saking unsur-unsur kasebat. Sawetawis pamedharan nengenaken unsur-unsur praktis ingkang gegayutan kalihan manungsa (individu) ingkang madosi makna kamangka pamedharan sanèsipun nengenaken unsur téoritis ngéngingi boten sagedipun kanggé mangertosi donya utawi kanthi nalar nggayuh donya kasebat. Panggèsèh sanèsipun nrembag babagan apa pasulayan punika namung kawengku ing salebeting batining manungsa piyambak utawi antawisipun pangajab manungsa kalihan donya njawi. Sawetawis nimpuna téyori ugi nglebetaken unsur metakognitif bilih kaabsurdan mbetahaken kesadharan manungsa (individu) ngéngingi pasulayan punika.[2][3][12][4]
Unsur ingkang wigati saking absurdisme inggih punika bilih kaabsurdan boten winates ing kahanan tartamtu nanging ngemot gesang punika kanthi wetah.[2][1][13] Wonten pasarujukan umum bilih manungsa asring ngadhepi kahanan ingkang absurd ing pagesangan sadinten-dinten.[7] Bab punika asring tuwuh nalika wonten panggèsèh ageng antawisipun pikajenging manungsa kalihan kanyatan.[2] Minangka tuladha, tiyang ingkang pados reka kanggé mbodhol lawang ngajeng ingkang kandel punika kalebet absurd menawi griya ingkang badhé dipunlebeti punika boten gadhah témbok wingking lan gampil dipunlebeti saking mergi wingking kasebat.[1] Nanging tésis filsafat saking absurdisme punika langkung wiyar pangaribawanipun awit boten winates ing kahanan individu, tiyang, utawi lampah gesang tartamtu. Kepara, tésis kasebat mastani bilih gesang, utawi donya kanthi wetah, punika absurd. Pamanggih bilih kaabsurdan gadhah pangaribawa sadonya punika asring dadi dredah, cengkah kalihan pamanggih ingkang langkung asor bilih namung sawetawis kahanan kemawon ingkang absurd.[2][1][13]
Pamawasing absurdisme limrahipun tuwuh nalika manungsa mendhet satunggal jangkah mundur saking pakaryan sadinten-dintenipun kalihan donya kanggé mbiji wigatosipun pakaryan kasebat saking wawasan ingkang langkung wiyar.[4][2][14] Pambiji kasebat saged nuwuhaken pamanggih bilih pakaryan sadinten-dinten punika gadhah teges ingkang ageng tumrap kita sanadyan pakaryan kasebat saèstunipun tanpa makna nalika dipunbiji saking pamawas ingkang langkung wiyar. Pambiji punika mbikak pasulayan antawisipun wigatosipun samubarang ingkang dipuntingali saking pamawas batin kalihan kasewenang-wenangan ingkang kababar saking pamawas njawi.[4] Kaabsurdan dados prekawis amargi wontenipun kasmaran ingkang kiyat dhumateng makna lan ancas sanadyan kekalihipun katingal boten wonten.[7] Kanthi pangertèn punika, pasulayan ingkang ndadosaken kaabsurdan asring minangka wujud saking utawi kairing déning krisis èksistènsial.[15][14]
Cathetan suku
[besut | besut sumber]- 1 2 3 4 5 6 7 Masalah sitiran: Tenger
<ref>ora trep; ora ana tèks tumrap refs kanthi jeneng "Gordon1984" - 1 2 3 4 5 6 7 8 Masalah sitiran: Tenger
<ref>ora trep; ora ana tèks tumrap refs kanthi jeneng "Nagel2012" - 1 2 3 4 Masalah sitiran: Tenger
<ref>ora trep; ora ana tèks tumrap refs kanthi jeneng "Pölzler2014" - 1 2 3 4 5 6 7 Masalah sitiran: Tenger
<ref>ora trep; ora ana tèks tumrap refs kanthi jeneng "Fox2019" - ↑ "Merriam-Webster". 16 May 2023.
- ↑ Belliotti, Raymond Angelo (2019). "Introduction". Is Human Life Absurd? A Philosophical Inquiry into Finitude, Value, and Meaning (ing basa Inggris). Brill. ISBN 978-90-04-40879-1.
- 1 2 3 Mittelstraß, Jürgen, èd. (2005). "absurd/das Absurde". Enzyklopädie Philosophie und Wissenschaftstheorie. Metzler. Diarsip saka sing asli ing 2021-10-20. Dibukak ing 2022-04-28.
- ↑ Bertman, Martin A. (January 1971). "Education and Absurdism". The Educational Forum (ing basa Inggris). 35 (2): 239–241. doi:10.1080/00131727109340469. ISSN 0013-1725.
- ↑ "The American Heritage Dictionary entry: absurd". www.ahdictionary.com. HarperCollins Publishers. Dibukak ing 21 April 2022.
- ↑ Masalah sitiran: Tenger
<ref>ora trep; ora ana tèks tumrap refs kanthi jeneng "Blomme2013" - ↑ Honderich, Ted, èd. (2005). "absurd, the". The Oxford Companion to Philosophy. Oxford University Press.
- ↑ Masalah sitiran: Tenger
<ref>ora trep; ora ana tèks tumrap refs kanthi jeneng "Baltzer-Jaray2014" - 1 2 Simpson, David. "Camus, Albert: i. The Absurd". Internet Encyclopedia of Philosophy. Dibukak ing 25 April 2022.
- 1 2 Masalah sitiran: Tenger
<ref>ora trep; ora ana tèks tumrap refs kanthi jeneng "Hamer2020" - ↑ Masalah sitiran: Tenger
<ref>ora trep; ora ana tèks tumrap refs kanthi jeneng "Belliotti2019Preface"
Wacan
[besut | besut sumber]- OBERIU, edited by Eugene Ostashevsky. Northwestern 2005 ISBN 0-8101-2293-6
- Thomas Nagel: Mortal Questions, 1991. ISBN 0-521-40676-5
Uga delengen
[besut | besut sumber]Pranala njaba
[besut | besut sumber]- Fiction of the Absurd Archived 2011-07-18 at the Wayback Machine.
- How Shall I Exist Tomorrow? Archived 2009-09-19 at the Wayback Machine.
- Absurdist Monthly Review Magazine
| Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |