Pambabaran

Pambabaran utawa panerbitan yaiku tumindak nyumadhiya desana, sastra, musik, piranti alus, lan momotan (konten) liya, arupa fisik utawa dhigital, kanggo wong akèh minangka diadol utawa lelahanan. [1] Biyèné, tetembungan pambabaran ateges pangripta lan panganjrahé (pendistribusian) garapan cinithak, kaya buku, komik lan kalawarta kanggo masarakat. Anané tata desana dhigital (sistem informasi digital) marakaké widang iki tansaya amba murih bisa ngukupi pambabaran dhigital. Tuladhané buku dhigital, kalawarta dhigital, sasana web, medhia sosial, musik, uga pambabaran gim vidéo.
Indhustri pambabaran banijakarma (komersial) wernané akèh banget. Wiwit parusahan konglomerat nekanagara (multinasional) gedhé kaya News Corp, Pearson, Penguin Random House, lan Thomson Reuters, [2] nganti éwonan pambabar mandhiri cilik-cilik. Indhustri kasebut ndarbé maneka taningan (divisi). Misalé pambabaran rekan lan tan rekan (fiksi dan non fiksi) kanggo pasar umum, pambabaran kanggo panggulawenthah, saha pambabaran akademik lan èlmiyah. [3] Pambabaran uga tumandang dening pangrèh luhur (pemerintah), paguyuban masarakat, lan parusahan-parusahan swasta kanggo janggelan administrasi, bisnis, risèt, nadukara (advocacy), lan kawigatèné wong akèh. [4] Tuladhané lapuran taunan, lapuran riset, lapuran pasar, ringkesan kawicakan pangrèh luhur, lan lapuran tèhnis.
Pambabaran wis owah saka indhustri cilik, kuna lan winates dening ukum saha agama, dadi indhustri kang gedhé lan modhèren kanthi ngwiyaraké maneka rupa desana. [5]
“Pambabar” bisa ateges parusahan pambabaran, paguyuban, utawa sapa-sapa sing ngesuhi.
- ↑ "Publishing | meaning". Cambridge English Dictionary (ing basa Inggris). Diarsip saka sing asli ing 5 July 2019. Dibukak ing 2020-02-07.
- ↑ "GLOBAL 50. The world ranking of the publishing industry 2019". Issuu (ing basa Inggris). 28 October 2019. Diarsip saka sing asli ing 27 July 2020. Dibukak ing 2020-02-07.
- ↑ International Publishers Association (2018). "The Global Publishing Industry in 2016". Creative Industries (ing basa Inggris). doi:10.34667/tind.29034. Diarsip saka sing asli ing 15 June 2020. Dibukak ing 2020-02-07.
{{cite journal}}: Cite journal requires|journal=(pitulung) - ↑ Börjesson, Lisa (2016). "Research outside academia? – An analysis of resources in extra-academic report writing". Proceedings of the Association for Information Science and Technology (ing basa Inggris). 53 (1): 1–10. doi:10.1002/pra2.2016.14505301036.
- ↑ "Publishing industry history and challenges | Britannica". britannica.com (ing basa Inggris). Dibukak ing 2024-01-19.