Menyang kontèn

WikiLeaks

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
WikiLeaks
Jinising situs
Arsip dhokumèn
Kang duwéThe Sunshine Press[1]
Digawé déningJulian Assange
Situs jaringanwww.wikileaks.org
RègistrasiSwasta
KababarDhésèmber 2006

WikiLeaks utawa Wikileaks iku sawijining organisasi internasional kang markasé dumunung ing Swédia.[2] Situs Wikileaks mbabar dhokumèn-dhokumèn winadi kanthi njaga idhèntitas para sumber-sumberé. Situs mau diluncuraké ing taun 2006. Wektu iki alamat situs wis dialihaké menyang http://www.wikileaks.ch kanggo alesan kaamanan.

Organisasi iki diadegaké déning disidhèn pulitik Cina, lan uga jurnalis, matematikawan, lan para tèknolog saka Amérikah Sarékat, Taiwan, Éropah, Australia, lan Afrika Kidul.[1] Artikel koran lan kalawarti The New Yorker njlèntrèhaké yèn Julian Assange, jurnalis lan aktivis internèt Australia, minangka dirèktur Wikileaks.[3] Situs Wikileaks migunakaké mesin MediaWiki.

WikiLeaks wis menangaké sawatara bebungah, kalebu New Media Award saka kalawarti The Economist ing taun 2008.[4]

Ing sasi Juni 2009, WikiLeaks lan Julian Assange menangaké UK Media Award saka Amnesty International (kategori New Media) kanggo publikasi taun 2008 lan judhulé Kenya: The Cry of Blood – Extra Judicial Killings and Disappearances,[5] sawijining laporan déning Komisi Nasional Hak Asasi Manusia Kenya prakara rajapati déning pulisi ing Kenya.[6] Ing sasi Mèi 2010, New York Daily News ndokok WikiLeaks ing peringkat kapisan minangka "situs kang tenan-tenan bisa ngowahi warta".[7]

Cathetan sikil

[besut | besut sumber]
  1. 1 2 "Wikileaks:About". Wikileaks. Diarsip saka asliné ing 14 March 2008. Dibukak ing 3 June 2009.
  2. ↑ Haddow, Douglas (7 April 2010). "Grim truths of Wikileaks Iraq video". The Guardian. London. Dibukak ing 7 April 2010. ... a Sweden based non-profit website
  3. ↑ McGreal, Chris. Wikileaks reveals video showing US air crew shooting down Iraqi civilians Archived 2010-04-07 at the Wayback Machine., The Guardian, April 5, 2010.
  4. ↑ Winners of Index on Censorship Freedom of Expression Award Announced Archived 2012-07-23 at the Wayback Machine. 22 April 2008
  5. ↑ Kenya: The Cry of Blood – Extra Judicial Killings and Disappearances, Sep 2008 Archived 2010-09-20 at the Wayback Machine. WikiLeaks.
  6. ↑ Amnesty announces Media Awards 2009 winners Amnesty.org.uk, 2 June 2009
  7. ↑ Reso, Paulina (20 May 2010). "5 pioneering Web sites that could totally change the news". Daily News. Dibukak ing 8 June 2010.

Uga delengen

[besut | besut sumber]

Pranala njaba

[besut | besut sumber]